Soal UAS SMPLB Bahasa Jawa A D E Terbaru

Soal UAS SMPLB Bahasa Jawa A D E Terbaru. Berikut kakak sajikan contoh soal ujian akhir SMPLB untuk kelas A, D dan E terbaru dan terlengkap. Dapatkan contoh contoh soal ujian SLB lainnya di website kami. Untuk soal SD lainnya juga dapat ditemukan di website kami.

Soal UAS SMPLB Bahasa Jawa A D E Terbaru
Soal UAS SMPLB Bahasa Jawa A D E Terbaru

Pambiwara :
Para wiyarsa, sugeng pepanggihan malih kaliyan sandiwara radhio Remen Budhaya. Wonten ing wekdal punika badhe nggiyaraken sandhiwara radhio kanthi irah-irahan “Narima ing Pandum”. Wondene para paraga ingkang badhe nggesangaken cariyos punika: Anik dados ibu, Aji dados Bapak, Yuyun dados Simbah lan Dheka dados Singgih. Wondene Arin kaperagakaken dening Lia. Para pawiyarsa, kados pundi cariyos jengkapipun? Sugeng midhangetaken, ngantos paripurnanipun. Nuwun
Udan wiwit jam papat esuk durung rampung-rampung. Kiwa tengene omah kebak banyu, Kamangka omahe Arin ora patia dhuwur, mula banjir. Dina iki ngepasi Minggu, putra-putrane Bapak Anton padha ana ing ngomah wae, kaya adate yen libur padha mbiyantu wong tuwane, ora kaya Singgih. Wiwit seminggu iki tansah sinau Basa Jawa, amarga dhewekke arep melu lomba mapel Basa Jawa tingkat SMP Sa-Propinsi minangka dhutaning Kabupaten. . . .

Wacan ing ndhuwur kanggo jawab soal no 1 tekan 7
1. Wong kang nglantarake carita ing sandiwara radhio diarani . . . .
A. Pambiwara
B. Pranoto adicara
C. Protokol
D. Pranotocara

2. Paraga Protagonis yaiku paraga kang . . . .
A. santun
B. seneng nglawan
C. sanggo geganep
D. ala klakuane

3. Paraga kang perane ora akeh ing sandiwara utawa mung kanggo genep-genep kasebut . . . .
A. Antagonis
B. Protagonist
C. Tritagonis
D. Figuran

4. Topik sandhiwara ing dhuwur yaiku . . . .
A. remen Budhaya
B. narima ing Pandum
C. omahe Arin Banjir
D. lomba mapel Basa Jawa

5. Irah-irahan sandhiwara ing dhuwur yaiku . . . .
A. remen Budhaya
B. narima ing Pandum
C. omahe Arin Banjir
D. lomba mapel Basa Jawa

6. Kegiatan putra-putrane Bapak Anton yen dina minggu . . . .
A. sinau Basa Jawa
B. dolan ana ing kancane
C. mbiyantu wong tuwane
D. melu lomba Basa Jawa

7. Singgih melu lomba mapel Basa Jawa SMP tingkat . . . .
A. Sekolahan
B. Kecamatan
C. Kabupaten
D. Propinsi

8. “Langite mendhung. Sedhela-sedhela katon kumelap saka angkasa. Gludug tanpa leren agawe miris ing ati. Nanging kedayan anggonku kepingin tekan ngomah, aku banjur mlayu nggendring . . . .”
Latar ing pethikan carita kasebut arupa . . . .
A. Wektu
B. Swasana
C. Panggonan
D. Paraga
Raka : “Kepriye miturut Dharma bab wulangan ing SMP, angel to?”
Dharma : “Miturutku wulangan ing SMP ora kabeh angel, sing gampang uga akeh. Kabeh iku yen gelem sinau lan temen ya bakal bisa”.
Raka : “Pelajaran sing paling koksenengi?”
Dharma : “Pelajaran sing paling daksenengi iku pelajaran Basa Jawa”.

9. Basa Kang dienggo Raka yaiku basa . . . .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. karma alus

“Satemene sesrawungan lan kekancan iku mujudake sawijining bab kang wigati tumrap kabeh manungsa. Malah kena diarani menawa lelorone mau wis dadi kebutuhan kang kudu dicukupi murih bab-bab kang kepingin di gayuh bisa kasembadan….”
10. Miturut wacan ing ndhuwur bab kang wigati tumrap manungsa yaiku . . . .
A. sesrawungan lan kekancan
B. kebutuhan
C. kasembadan
D. kegayuhan

11. Matur marang Bapak lan ibu guru, para siswa nggunakake basa . . . .
A. Indonesia
B. ngoko
C. krama
D. keraton

12. Marang sapadha-padha kang wis kulina banget migunakake basa . . . .
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama madya
D. Krama inggil
Peksi Jatayu
Rajaning peksi punika naminipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra kenthelipun Raja Dasarata. Pramila, sumerep anakipun mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu enggal tumandhang mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Shinta dipunrebat. Nanging Rahwana nggegegi, mboten nguwalaken, dedreg udreg-udregan, rebatan Shinta wonten ing gegana. Eman, dene Jathayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang. Dhawah ing siti klebekan.
13. Sing nglindhih lan natoni Jathayu yaiku . . . .
A. Rajaning peksi
B. Raja Dasarata
C. Rahwana
D. Shinta

14. Ingkang dados mitra kenthelipun Raja Dasarata inggih menika . . . .
A. Jathayu
B. Rahwana
C. Ramayana
D. Shinta

Rama Wiwaha
Kacariyos, Prabu Rama punika sajatosipun dewa. Asmanipun Wisnu. Panjenenganipun manjalma dados manungsa tumurun saking kahyangan dhateng donya, amargi mboten tentrem dipunganggu dening Nata Alengka, inggih punika Dasamuka utawi Rahwana.
Prabu Rama tuwin Lesmana ngumbara njajah dhusun nasak wana, nglangkungi Nagari Widheha utawi Manthili rajanipun kaparingan asma Janoko. Wekdal semanten taksih ngwontenaken sayembara. Sinten ingkang saged menthang gandhewa pusaka keratin, badhe kapundhut mantu pikantuk putrinipun kang asma shinta. Kathah ingkang tumut nanging boten sami kasil, giliran Rama gandhewa saged kapenthang kanthi gampil ngantos tugel tengah ….

15. Prabu Rama sajatosipun dewa, kaparingan asma . . . .
A. Nata Alengka
B. Dasamuka
C. Wisnu
D. Rahwana

16. Ingkang ngganggu para dewa saengga rumaos boten tentrem inggih menika . . . .
A. Nata Alengka
B. Dasamuka
C. Wisnu
D. Shinta

17. Sayembaranipun awujud . . . .
A. njajah dhusun nasak wana
B. nglangkungi Nagari Widheha
C. nglangkungi Nagari Manthili
D. menthang gandhewa pusaka keratin

“Pawongan kang nduweni kemampuan dhuwur, bisa ngembangake sesrawungan lan kekancane uga bisa kanggo nglancarake usaha, karo sapa wae kanthi lumantar maneka cara. Ana kang kenalan langsung liwat surat-suratan lan sapiturute. Para siswa bisa ngirimake data diri lan fotone menyang layang kabar sing disenengi. Malah saiki padha kirim e-mail lan omong kanthi empat mata lewat dolanan facebook internet”
18. Miturut paragraph ing dhuwur mau, kanggo ngraketake kekancan utawa usaha bisa dileksanakake kanthi cara . . . .
A. Dolanan play station
B. Kirim laying kabar
C. Kirim e-mail lan facebook
D. Kirim lan ijol dolanan

Ngangsu Kawruh
Poma ngger sutaku
Sira wus pamit rama ibu
Nyuwun pangestu
Ngangsu kawruh
Kang migunani sliramu pribadi
Ing tembe mburi
Wektu diwasanira prapta
Uga piguna ing nusa bangsa myang nagara

19. Geguritan kasebut mengku teges . . . .
A. Nyuwun pangestu
B. Ngangsu kawruh
C. Pigunane Ngangsu kawruh
D. Piguna ing nusa bangsa myang nagara

Segara Aru
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi Pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing segara Aru

20. Geguritan kasebut mengku teges . . . .
A. Seksi Pahlawan sejati
B. Ngemban amanat Trikora
C. Yos Sudarso Pahlawan sejati
D. Korban jiwa raga ing segara Aru

Candhi Prambanan
Dumadine candhi Prambanan ora bisa uwal saka Bandhung Bandhawasa. Bandhung Bandhawasa kasil nguwasani Kraton Prambanan lan madeg dadi ratu ing kono. Bandhung Bandhawasa kasmaran marang Rara Jonggrang put Bandhung Bandhawasarine Prabu Boko, dheweke ngajokake panglamar, lan Rara Jonggrang ora wani nolak, amarga wedi dipateni. Kanggo nolak kanthi alus Rara Jonggrang duwe panyuwun, supaya digawekake candhi cacahe sewu iji lan sumur kembar, kang kudu rampung ing wektu sawengi
21. Manut crita kedadeyane Candhi Prambanan, kang yasa candhi yaiku . . . .
A. Bandhungan
B. Bandhung Lautan Api
C. Bandhung Bandhawasa
D. Bandhung Ambarawa

22. Kanggo nolak panyuwune Bandhung Bandhawasa kanthi alus Rara Jonggrang duwe panyuwun . . . kang kudu rampung ing wektu sawengi
A. Candhi Prambanan
B. Candhi cacahe sewu iji
C. Sumur kembar
D. Candhi cacahe sewu iji lan sumur kembar

Sudi : “Man apa kowe wis krungu yen minggu ngarep anan bakti sosial ?”
Kirman : “Durung. Lah arep bakti sosial menyang ngendi?”
Sudi : “Panti Asuhan Taqwa, apa ngendi ya?”
Kirman : “Kowe krungu saka sapa?”
Sudi : “Ketua OSIS. Dheweke wingi rerasan karo Bunga.”
Kirman : “O, Si Budi to? Yen sing ngomong dheweke, dak kira benerngono.”
Sudi : “Olehku takon iku, yen oleh aku arep melu. Aku seneng banget kok karo kegiyatan ngono iku.”

23. Sing dadi ketua OSIS manut pacelathon kasebut yaiku . . . .
A. Sudi
B. Kirman
C. Budi
D. Bunga

24. “Kula ndherek mangayubagya anggen panjenengan tanggap warsa ingkang kaping . . . ”
Surasaning pidhato ana ing ndhuwur yaiku . . . .
A. tanggap wacana
B. tanggap
C. tanggap sabda
D. tanggap usada

Arepa bapak gondheli bebasane, arepa di dhadhung, nanging bapak tetep ngeculake bocah-bocah kanggo nerusake sekolah lan gegayuhan kang luwih duwur.

25. Surasaning pidhato ana ing dhuwur yaiku. . . .
A. Gegayuhan
B. Panembah
C. Pawiyatan
D. Pangaji-aji

“ . . . . Punika ingkang pas utawi jumbuh kangge anggambaraken R.A. Kartini. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti minangka dinten lahiripun Raden ajeng Kartini . . . . “
26. Pethikan ukara kasebut, pas kanggo adicara pengetan dina . . . .
A. Kartini
B. Pendidikan Nasional
C. Kemerdekaan RI
D. Sumpah Pemuda

“. . . . Wosing atur kula ingkang angka sepisan inggih punika ngaturaken salam taklim saking Bapak H. Samsudin Haidar katur dhumateng Bapak Soejoso Tjokroaminata sagotrah”
27. Sagotrah tegese . . . .
A. Sakuluwarga
B. Sajodho
C. Satangkep
D. Sekaliyan

28. Miturut pranyatan kasebut, salam taklim katujokaken marang . . . .
A. Pranata adicara
B. Bapak Soejasa T.
C. Bapak H. Samsudin Haidar
D. Wakiling Pengantin kakung

Upacara Adat Rayahan Ancak
Upacara Rayahan Ancak utawi larung sesaji ing Desa Moro, Kecamatan Bonang, Kabupaten Demak sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken saben surya kaping 5 Syawal, ing saben warsanipun. Adicara punika nggadahi ancas, wujud syukur saha nyuwun keslametan dhateng Gusti Allah.
Sampun dados kapitadosan, bilih upacara rayahan utawi rebutan ancak punika samangke badhe mbekta berkah dhumateng umat manungsa. Ingkang dados sesaji endhas kebo lan ubarampe sanesipun
29. Upacara Rayahan Ancak utawi larung sesaji punanakaken wonten . . . .
A. Ambarawa
B. Semarang
C. Demak
D. Jepara
Adicara punika nggadahi ancas, wujud syukur saha nyuwun keslametan dhateng Gusti Allah.
30. Tembung ancas mengku teges . . . .
A. Tujuan
B. Kapitadosan
C. Berkah
D. Syukuran

31. Sesaji ing upacara rayahan ancak yaiku endhas. . . .
A. Sapi
B. Wedhus
C. Menjangan
D. Kebo
“Ing Dhusun Girah wonten satunggaling randha ingkang gadhah lare estri tur sulistiya ing warni. Lare ayu kala wau kaperangan asma Rara Manggali, yuswanipun sampun diwasa, nanging dereng wonten ingkang anggarwa, malah saged kawastan prawan kasep,sedaya menika amargi saking pokalipun ingkang biyung kang remenipun neluh utawi nyanthet.”

32. Katitik saking wacan kala wau pitedah ingkang saget kapundhut kagem sangu gesang inggih menika . . . .
A. neluh utawi nyanthet saget ngremenaken penggalih
B. gadhah lare estri tur sulistiya ing warni ngremenaken
C. tiyang gesang pokalipun kedah ngatos-atos
D. sampun diwasa naming dereng nggarwa kawastan prawan kasep
“Wusana cekap semanten atur kula, wonten kiranging trapsila, kula nyuwun agunging pangapunten ingkang kathah.”
33. Pethikan pidhato kasebut kalebu perangan . . . .
A. Satata basa
B. Purwaka basa
C. Isi/surasa
D. Panutup

“…Bapak ibu saha karyawan ingkang dhahat sinudarsana. Kados kita mangertosi sedaya, bilih kelas sanga sampun nglampahi ujian nasional. Sasampunipun nglampahi ujian Nasional sekedhap malih nampi tuwin ngentosi pengumuman. Mugi kemawon samangke …. “

Baca juga

34. Pethikan pidhato kasebut kalebu perangan . . . .
A. Purwaka
B. Pambuka
C. Surasa
D. Panutup

35. Ukara kang nuduhake minangka panutuping pidhato, yaiku. . . .
A. Alhamdulllah dinten punika panjenengan dalah kula saged kempal . . . .
B. Salajengipun kula ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun . . . .
C. Dinten punika kuka ngrawuhaken penjenengan saperlu . . . .
D. Saking punika menawi wonten kekirangan anggen kula matur . . . .
“Satemene sesrawungan lan kekancan iku mujudake sawijining bab kang wigati tumrab kabeh menungsa. Malah kena diarani menawa lelorone mau wis dadi kebutuhan kang kudu dicukupi murih bab-bab kang kang kepingin digayuh bisa kasembadan . . . .”
36. Manut pethikan wacan kasebut, sesrawungan lan kekancan minangka kebutuhan . . . .
A. urip ing donya
B. kang ora kudu dicukupi
C. kng kudu dicukupi
D. manungsa ing msyarakat

PENGIN BIJI 10?
NGGABUNG WAE ING

“GENIUS”
CEPETAN LHO !!!
37. Iklan kasebut ana ing dhuwur, ngrembug bab . . . .
A. Perikanan
B. Pendhidhikan
C. Perdhagangan
D. Perindhustrian

38. Yen nelpon marang wong kang luwih tuwa luwih becik migunakake basa . . . .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama madya
D. krama inggil

39. Miwiti omongan nampa telpon migunakake tembung . . . .
A. Hay
B. sopo
C. nuwun
D. Halo
40. Kanggo kegiyatan ritual mapag tanggal siji Syura, wong-wong padha kungkum ana ing Tugu Suharto kang mapan ing wewengkon . . . .
A. Semarang
B. Surakarta
C. Ngayogyakarta
D. Demak

41. Kirab Pusaka kanthi panuntun Kyai Slamet kang awujud kebo bule di anakake ing . . . .
A. Simpang Lima
B. Mesjid Baiturrohman
C. Kraton Surakarta
D. Kraton Yogyakarta

42. Ing kabupaten Grobogan ana adat . . . .
A. Kungkum ing Tugu Suharto
B. Kirab Pusaka Kyai Slamet kang awujud kebo bule
C. Wungon ing api Abadi Merapen sinambi junjung Watu bobot
D. Sembahyangan ing Sam Pho Kong Gedhung Batu

Jan-jane aku getun
Malah sangsaya bingung
Lha kok Ora . . . .
Wong jawa malah ilang jawane
Nanging . . . .
Wong Landa malah njawani. . . .
43. Miturut pethikan geguritan ing dhuwur, kang sangsaya njawani yaiku wong. . . .

A. Jawa
B. Landa
C. Landa ireng
D. Jawa Landa
Listrik Mlebu Desa
Bagja temen bangsaku saiki
Uwis ana listrik ing pedesaan
Gedhe banget pigunane
Tumrap para sedulur
Tuwa anom kabeh tan kari
Uga bab keamanan
Tuwin rejanipun
Lawan para nara karya
Olah raga tuwin sagung para murid

44. Tembang Dhandanggula kasebut mengku teges . . . .
A. Bagjane bangsaku
B. Gedhe banget pigunane
C. Kahanane bangsaku saiki
D. Samya suka-suka

45. Guru gatrane tembang Dhandanggula kasebut . . . .
A. 10
B. 9
C. 8
D. 7

“Jumbuh karo pengalaman ing jagade olah raga, nom-noman gagah iki saiki katon pamore. Awake kang santosa sarto keker iki, saya nambahi gagah lan kewese. Saya meneh yen nom-noman kang awake athletis iki dolanan bal voli utawa latihan smash, pancen ora ngetarani yen dheweke iku sawijining pemain Nasional . . . .”

46. Pethikan wacan kasebut ngrembug babagan
A. Seni
B. Olah raga
C. Pendhidhikan
D. Athletik

47. Adicara Ruwatan diwiwiti kanthi . . . putra marang wong tuwane
A. Adus karmas
B. Sungkeman
C. Ngethok rambut
D. Dedonga

48. Yen gawe pidhato perpisahan kelas IX, sing rawuh uga ana bapak ibu guru, prayogane migunakake basa krama . . . .
A. Desa
B. Alus
C. Madya
D. Lugu
Wara-wara Pramuka
Salam Pramuka,
Kanggo para adhik Pramuka gugus depan “Y” supaya teka
Dina : Setu
Surya/tanggal : 7 Agustus 2014
Tabuh/jam : 15.30 WIK
Papan : SLB Negeri Alengkadipura
Adicara : Latihan Pramuka kanggo ngadepi lomba tingkat III (LT III) sesuk tanggal 13-16 Agustus 2014 ing Bumi Perkemahan “Wana Wisata”, Penggaron, Kabupaten Semarang. Sing wis ngerti wara-wara iki supaya menehi ngerti marang kanca liyane
49. Isine wara-wara kasebut yaiku . . . .
A. Supaya teka dina setu, tanggal 7 Agustus 2014
B. Latihan pramuka kanggo lomba tingkat III
C. Supaya teka ing Bumi Perkemahan “Wana Wisata”.
D. Supaya menehi kabar marang kanca liyane

“Para nupiksa sugeng pepanggihan kaliyan kula Guna Wicara, ing adicara ginem Jawi. Ing dalu menika ginem Jawi badhe ngrembag babagan unggah-ungguh Basa Jawi. Bab menika perlu kaandharaken amargi para kadang mudha jaman samangke kathah ingkang unggah-ungguh basanipun kirang trep . . . .”
50. Surasane warta ana ing ndhuwur . . . .
A. Ngrembag ginem jawi
B. Unggah-ungguh basa jawi
C. Para kadang mudha
D. Jaman samangke